Skenario CInta si Gembul Episode 2
CERITA CINTA SI GEMBUL
Episode 2: Nyuci
SCENE 1
MBAK EMBUL SEDANG
MENCUCI BAJU/PIRING DI RUMAH. TIDAK LAMA KEMUDIAN CHUS DATANG MENGGANGU.
CHUS
Samlekom, mbul embul
EMBUL
Walah awakmu maneh chus, ono opo
CHUS
Gini lho mbul, anu...
EMBUL
Opo maneh sih, sek ta, aku lagi nyuci iki lho, ojo ganggu
dhisik
CHUS
Yo wes, lek ga oleh ganggu, tak nyimak ae ndek kene
Chus duduk sambil ngeliatin mbak embul, mbak embul pun
merengut kecentilan.
EMBUL
Ojo ganggu kok, malah ganggu.
CHUS
Aku kan ora ganggu mbul.
EMBUL
Ora ganggu sih, tapi matamu iku lho chus, waduh ngeri .
CHUS
Lha gimana lagi mbul, emang bawaan wong ganteng yo ngene
iki.
(Mbak embul meneruskan
mencuci)
SCENE 2
MELIHAT SUASANA SEPI,
CHUS YANG TADINYA MAU BERTANYA TENTANG KEJADIAN SEMALAM, AKHIRNYA MALAH TERGODA
UNTUK MENGGODA MBAK EMBUL
CHUS
Gini lho mbul, (sambil lirik sana sini)
EMBUL
Opo maneh chus
CHUS
Paklek ga ono ta iki?
EMBUL
Ono urusan opo ambek bapak ku?
CHUS
Engga sih, cuma takon ae, saiki nangdi wonge
EMBUL
Wonge nang sawah chus, koyo biasane
CHUS
Lek ngono pas
EMBUL
Ojo macem-macem chus, tak raupi pemutih tambah langsing kon
CHUS
Mbul, iki lho, hmm, jajan kesukaan mu
EMBUL
Opo iku chus?
CHUS
Roti goreng pak yayan prapatan kuburan
EMBUL
Gae aku ta iku?
CHUS
Gae sopo maneh mbul, lha paklek ga ono i
EMBUL
Sorry ya, roti goreng ga kelas chus.
CHUS
Lho, iki lak kesukaan mu, bakule yo langganan e paklek
pisan. Lha terus kesukaan mu opo mbul?
EMBUL
Aku ga kelas yo roti goreng, aku seneng iku odading. Ngerti
ora
CHUS
Odading iku yo roti goreng mbul! Waduh arek iki rek
EMBUL
Bedo yo pokoke. Aku tuh lagi seneng yang kekinian gitu lho.
(dengan gaya centil)
CHUS
Ayo wes njaluk mu opo?
EMBUL
Aku sih pengen seblak, gara-gara ndelok status e mbak siti.
CHUS
Nah kebetulan mbul, aku yo pengen nyoba seblak, ayo wes
ndang budhal
EMBUL
Emoh lek ambek awakmu
(sok jual mahal)
CHUS
Wes to mbul, pokok lek gelem dadi pacarku, mangan opo ae,
ndek endi ae, langsung budhal tok.
EMBUL
Gayamu chus, iku lho,
(nunjuk bungkusan) cuma roti goreng ae kok lagak mangan opo ndek endi.
Kedhuwuren chus, awakmu ga gayuk
CHUS
Ayo talah mbul, mbul (memelas)
EMBUL
(lanjut nyuci, sok
jual mahal)
SCENE 3
PAK RT DATANG
MENGETOK PINTU, LEBIH TEPATNYA DIA NYELONONG LANGSUNG KE TKP. MELIHAT ADA DUA
REMAJA YANG TENGAH BERMESRAAN, BELIAU ISENG MENGGANGGU
PAK RT
Tok tok tok, mbul, mbul
EMBUL
Dalem
PAK RT
Mbul, mbul, waduh embul kebiasaan rek, mesti ga langsung
nyaut
EMBUL
Aku wes nyauri, dalem pak, bolak balik. Yo sampean iku sing
koyo biasa macak ga krungu.
PAK RT
Hehe, lho ono arek cilik dulinan banyu. Heh, ayo minggir,
makin mengekeret kapok kon.
CHUS
Duh, wong iki maneh. Lapo maneh sih pak, kok ganggu ae
PAK RT
Ganggu opo, kon ga bantu nyuci, ngrusuhi tok malah dolanan
banyu.
CHUS
Lha iki lak urusan arek enom pak.
PAK RT
Halah, wes gak arek enom-enoman. eh, iki lek aku ngundang
warga, iso digrebek lho.
CHUS
Dikiro aku berbuat mesum ngono tah?
PAK RT
Lha opo maneh lek ga berbuat mesum hah?
CHUS
Lha sampeyan dewe lapo mrene pak, ngerti ae lek mbul lagi
dewean?
PAK RT
(kumat) sebagai
ketua RT yo ga mungkin ta aku berbuat koyo awakmu
CHUS
Alesan tok
PAK RT
Iyo, pancen ndek RT iki aku sing paling ganteng, wes ga usah
protes.
EMBUL
Hashh.... Wong loro iki rame ae. Tak celup sabun colek lho.
Wes pindah nang ruamg tamu disek, tak gawekno ngombe
SCENE 4
PAK RT DAN CHUS
PINDAH KE RUANG TAMU. MEREKA SEPERTI BIASA, SALING MELONTARKAN PUJIAN
CHUS
Pak, ono urusan opo sampeyan mrene
PAK RT
(kumat, tidak merespon
chus,main hp)
CHUS
Duuuh, pak ganteng, pak, pak
PAK RT
Opo ae sih chus, ojo ganggu wong kerjo talah
CHUS
Sampeyan kerjo opo pak? Dulinan toktok ngono lho
PAK RT
Wes ojo turut campur urusan kenegaraan chus.
CHUS
Kenegaraan opo pak, paling sampeyan niat ndeloki bempere
bojoku se?
PAK RT
Lambemu ya. Aku iki urusan negara chus, iki lho undangan
yasinan pak dulrokim sing omahe pojokan iku.
CHUS
Halah modus tok pak. Biasane aku sing dikon ngeterno, iki
kok diterno dewe.
PAK RT
Lho bedo chus, iki ngono misi diplomatik kenegaraan antara
aku dan sing duwe omah iki, sopo maneh lek ga calon oromaut ku.
CHUS
Sek sek, ojo oromuat maut sek pak. Ga iso ngene
PAK RT
Ha, terus koen ate lapo chus? Gelud? Sori ga level gelud
ambek awakmu, dikiro rebutan balon lek e
CHUS
Dhuh kenek maneh. eh sek pak, masalah yayang embul minggir
sek.
PAK RT
Hmmm...
CHUS
Wingi sampeyan nangdi pak, kerja bakti kok ga hadir?
PAK RT
Tak kiro opo chus. Wes ga penting iku.
CHUS
Ga iso ngono pak, arek-arek esmosi lho nggoleki sampeyan.
Digawakno pacul mbuh lho.
PAK RT
Halah are jaman saiki kok gampang panas seh.
CHUS
Ayo pak, iki tergantung jawaban e sampeyan lho
PAK RT
Wedhus ku wingi sing warna putih abang....
CHUS
Ga ono wedhus abang!
PAK RT
Eh iyo, coklat! Iku awak e panas chus. Makane tak gowo nang
dokter dhisik. Darurat iki.
CHUS
Haaash,,, ga iso. alesan ga jelas. Lha terus bengine, kok
sampeyan malah boncengan karo si embul? Urusan opo ambek bojoku
PAK RT
Bojomu? Ngimpi (sambil
ngeraup muka chus). Tangi sek le.
CHUS
Aku esmosi lho iki pak
PAK RT
Kepo ae chus,chus. Adus o sek kono, awakmu mambu iwak lele
ngono.
CHUS
(emosi jiwa membara,
tangan mengepal, mata melotot)
SCENE 5
MBAK EMBUL PUN DATANG
MEMBAWA MINUMAN. DIA MARAH KARENA KEDUA TAMUNYA MALAH MESRA-MESRAAN
EMBUL
Heh, wong loro iki malah sibuk gelud dewe
CHUS
Iki lho mbul, pak RT nggarai tok
PAK RT
(ketawa pelan)
EMBUL
Wes ojo malah ngegas chus
CHUS
Yo ga ngono mbul, ini kan bentuk cintaku padamu
EMBUL
Cinta opo chus!
CHUS
Mbul, awakmu kan wes ngerti ya lek aku padamu, katanya kamu
ga nerima cowo lain, tapi kok kamu mau-maunya sih jalan-jalan sama bandot tua
ini
EMBUL
Apane sing aku padamu chus, pak RT iku....
PAK RT
(tertawa
terbahak-bahak)
EMBUL
Pak, berisik pak, tak guyang banyu lho sampeyan
PAK RT
Arek cilik cemburu mbul, lawak
CHUS
Ayo arek cilik maneh!
EMBUL
Wes meneng kabeh.
EMBUL
Ngene lho chus, aku iku diajak adike pak RT, bantu2 ngurusi
pengajian, yo nggawe wedang, yo korah-korah.
CHUS
Lha tapi kok mesra ngono mbul? Aku kan merasa tersakiti
EMBUL
Tersakiti raimu kejepit sendal ta chus. Eh jarene sopo aku
mesra-mesraan karo pak RT ?
CHUS
Aku ndelok dewe mbul, pas awakmu lewat ngarep warung kopi yu
sri.
EMBUL
Hoalah chus,chus, iku ngono....
PAK RT
(semakin ngakak)
EMBUL
Pak, temenan tak guyang banyu lho sampeyan
CHUS
Pak, terus wingi kok ga ono panganan pisan? Arek-arek luwe
kabeh lho.
PAK RT
Balik masalah iku maneh
CHUS
Yo jelas ta. Jarene wingi ono makan siang gratis
EMBUL
Panganan gae kerja bakti iku ta?
CHUS
Iyo mbul. Jarene pesen nang awakmu?
EMBUL
Wes tak gawekno yo. Wes tak terno nang pak RT isuk.
CHUS
Lho berati......
EMBUL DAN CHUS
MELOTOT KE ARAH PAK RT. NAMUN PAK RT HANYA TERTAWA TIDAK LUCU
SCENE 6
MBAK EMBUL MENYURUH
KEDUA TAMUNYA MINUM DAN SEGERA MEINGGALKAN RUMAH KARENA MBAK EMBUL MASIH BANYAK
KERJAAN
CHUS
Duuh ruwet ngurusi pak RT. Gagal maneh pdkt nang embul.
EMBUL
Opo ae sih chus. Wes, ndang diminum
CHUS
Iyo mbul...
PAK RT
Waduh, wedang buatan istri saya pasti mantab
Setelah meminnum air di dalem gelas, chus dan pak RT kompak
meludahkan air yang sudah diminum nya
CHUS
Mbul, sirup model opo iki, kok wangi
PAK RT
Iyo, kok rasane ngene
EMBUL
Lho, iku ga sirup leci ta?
Embul lari ke dapur, kemudian kembali ke ruang tamu membawa
botol
EMBUL
Waduh, iki ternyata pewangi pakaian!!
CHUS
Embul!!!!!
PAK RT
Embul!!!!
Embul hanya bisa
tersenyum centil
END
Komentar
Posting Komentar